Menyang kontèn

Arung Palakka

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
La Tenritatta Arung Palakka
Daeng Serang
Malampe-E Gemme’na
Sultan Bone ke-15
Berkuasa1672–1969
Penobatan3 Novèmber 1672
PendahuluLa Tenriaji
PenggantiLa Patau Matanna Tikka
Lair(1634-09-15)15 Sèptèmber 1634
Surud6 April 1696(1696-04-06) (umur 61)
PasanganSira Daeng Talele Karaeng Ballajawa (o. 1668; pegat 1671)
We Tan-ri Pau Adda Sange Datu-ri Watu (o. 1673)
Daeng Marannu (o. 1684)
BapaLa Pottobune'(Arung Tana Tengnga)
IbuWe Tenri Suwi

Arung Palakka, utawa La Tenritatta to Unru' (1634 utawa 1635Cithakan:Snds1696) ya iku pangéran lan satriya saka Bugis ing abad ka-17. Dhèwèké ngréwangi Vereenigde Oostindische Compagnie (VOC) ing the Perang Makassar (1666–1669) nglawan Kasultanan Gowa ing Semenanjung Kidul, Sulawesi (saiki wewengkon péranganing Indonésia). Sawisé menang perang nglawan Gowa, dhèwèké dadi Raja Boné, lan wong paling kuwat ing Sulawesi Kidul.[1]

Babad urip

[besut | besut sumber]

Arung Palakka lair ing taun 1634[2] utawa 1635[3] ing désa Lamatta, Mario-ri Wawo, Soppeng.[3] Bapaké ya iku La Pottobune Arung Tana Tenga, sawijining pandhéga cilik ing Soppeng, lan ibuné Datu Mario-ri Wawo We Tenrisui, putu saka pandhéga Muslim Boné kang kapisan.[4] Soppeng lan Bone iku wewengkon swatantra ing Sulawesi Kidul sangisore pamaréntahan Kasultanan Gowa. Nalika dhèwèké isih cilik, Arung Palakka kondhang minangka La Tenritatta, ateges "Dhèwèké, kang ora bisa dibacok."[3] Ing Perang Passempe taun 1644, Bone teluk karo Kesultanan Gowa[5] lan kulawargane Arung dadi klompok kang ditawan, lan urip ing Gowa.[4] Kulawargane kudu dadi juru ladi sangisore kuwasané Chief Minister (Tuma'bicarra butta) ing Gowa, Karaeng Patinngaloang, kang seneng karo Arung Palakka, lan ngemong Arung minangka Pangéran.[4]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Kuasa Arung Palakka: Kompeni Keki, Lawan Politik Dibuang ke Afrika". tirto.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-08-17.
  2. Ricklefs 2008, kc. 74.
  3. a b c Andaya 1981, kc. 43.
  4. a b c Andaya 1981, kc. 51.
  5. Andaya 1981, kc. 42.

Kapustakan

[besut | besut sumber]